Resensi Novel Bahasa Jawa






Identitas Buku
Judul               : Emas Sumawur ing Baluarti
Penerbit            : Pura Pustaka Yogyakarta
Penulis             : Partini B

Tebal Buku          : 326 halaman

Sinopsis            :
Satunggal dinten wonten oto mogok ing satunggaling bulak, kaprenah sangandhaping dhusun Kledung.  Wonten 3 priyayi ing salebeting oto wau. Raden Bei asisten, Raden Ayu Asisten saha Raden Ajeng Tien. Sawatawis radi dangu nengga pitulungan lajeng wonten oto sanes mandheg ing sawingkingipun ingkang dipun sopiri dening Rapingun. Boten let suwe oto wau sampun saged dipunstater malih.
Cekakipun cariyos Rapingun ingkang waunipun dados sopiripun Nyonyah Hien, lajeng piyambakipun dados sopir Raden Bei Asisten ing ndalem ngasistenan Ngadirejo. Mlampah setunggal wulan anggenipun Rapingun tumut Raden Bei Asisten. Rapingun dipun anggep kadosta putranipun kiyambak dening Raden Bei. 
Sejatosipun Rapingun menika turunan saking tiyang ingkang mulya. nama aslinipun R.M Sutanto. Ananging piyambakipun ngulandara wonten ing pundi pundi. 

Unsur intrinsik novel
Tema                      : Petualangan Hidup
Alur                      : Maju
Sudut Pandang             : Sudut Pandang orang ketiga
Penokohan     
1. Rapingun
2. Raden Ayu Asisten
3. Raden Bei Asisten
4. Raden Ayu Supartinah
5. Nyonyah Hien
6. Raden Bei Mantri
7. Raden Mas Gandaatmaja
8. Raden Ayu Gandaatmaja
9. Harjana
10.Kreta

Perwatakan    
1.      Rapingun / R.M Sutanto         :

-          Seneng Tetulung  
“Punapa ndara, kendel wonten ngriki?, Ingkang rewel punapanipun, ndara? Kula kepareng nuweni?Mbok menawi saged ngleresaken.”
-         Tanggung Jawab
“O, ya talah Rapingun, pantes kowe dadi sedulurku, semono anggonmu ngayomi menyang awakku.”
-         Mandiri
“O, ngger, sanadyan kowe ora nyambut gawe, rak ora kekurangan apaapa ta. Dhuwet saka sewan omah sesasine, kuwi rak wis cukup ko anggo nuruti kasenenganmu. Dene kagem dhahare bapakmu cukup saka peparingdalem pensiunan. Saben aku ngisis sandhanganmu kang tumpuk-tumpuk ana lemari lan koper, atiku ora kena ditata. O, ngger, anakku. Saya keranta-ranta maneh atiku, dene lungamu ora sangu dhuwit lan nggawa salin salembar-lembara…..”
-         Kendel
“E, aja. Aja temenan lo Rap! Aku ora eman jarane, sing take man kowe. Jaran kuwi pancene mono becik temenan, nanging gemblung. Mulane para panegar ora ana sing wani nunggangi.”

2.      Raden Ayu Asisten                : cerewet

3.      Raden Bei Asisten                : tanggung jawab, sareh

4.      Raden Ajeng Tien                 : misterius, apik

5.      Nyonyah Hien                     : pinter ngomong

6.      Harjana                          : antagonis, keras, pendendam.


Kekurangan Novel :

Novel Emas Sumawur ing Baluarti kedah konsentrasi anggenipun maos amargi
basanipun radi awrat dipunpahami. 

Kelebihan Novel :

Novel menika ngemut piwulang ingkang sae tumrap kauripan. 


Komentar

Postingan Populer