Jagading Lelembut


Ngisor Wit Gedhe

Srengenge wis katon angslup nyemburat warna kuning ning awang awang. Nuduhake yen wis wayah surup. Aku karo Priyo mlaku arep bali menyang omah, bar nggolek pring ning kebon cedak kuburan kae. Aku lagi kelingan yen saiki jebule malem jumat kliwon. Sansaya dak cepetake anggonku mlaku bali menyang omah.
Priyo bingung weruh lakuku sik gage-gage kaya kaya arep dioyak setan. Banjur dheweke dak ceritani yen ngendhikane ibuku ning ngisor wit gedhe kae ana penunggune. Priyo malah ngguyu kepingkel pingkel krungu critaku. Dheweke ora percaya babarblas babagan kaya ngono kui. Banjur tak sauri yen durung tau diweruhi pancene ora bakal percaya. Priyo malah sansaya ndadi anggone ngguyu krungu omonganku.
Tekane ngisor wit, guluku krasa panas lan sikile Priyo krasa lara. Dheweke malah ngajak aku lungguh, leren ning ngisor wit gedhe iki sedhela. Lagi wae arep ndelehke bokong, ujug ujug ana mbah tuwa ngageti seka mburiku. Awakku ndredeg weruh mbah mbah iki merga rambute dawa rewok rewok, untune ireng, klambine lusuh, tur kok ya nggawa teken anggone mlaku. Banjur Priyo nakoni mbah tuwa kui mau. Jarene awakdhewe ora oleh lungguh ning ngisor wit gedhe wayah surup ngene iki ndak diweruhi penunggune kene. Aku sansaya keweden, awakku adem panas ora karuan. Priyo gage-gage tak ajak mulih, nanging malah dheweke ngeyel tetep arep leren mergane sikile isih krasa lara.
Ora let suwe anggonku karo Priyo leren, angin sik maune mung krasa semilir dadi gedhe. Hawane sansaya adhem, langite ya sansaya peteng.  Dumadakan ana ambu tela godhog dibarengi wong ngadeg gedhe dhuwur ning mburine wit. Tak delok saka soroting lampu sing adoh kae, bayangan kui  nduweni rambut rewok rewok. Kukune sing nyekeli wit kui uga dawa-dawa. Matane abang tur gek mendelik ngindhik indhik saka walike wit mau. Aku sik weruh ora bisa ngapa ngapa. Jan teka meneng ngadeg kaya wong mati rasa. Arep mlayu sansaya abot sikile.
Priyo sik weruh aku meneng wae banjur nekoni “Di, Sardi.. kowe ki ngopo kok malah meneg wae?” dak jawab “A..anu yok A..nu aa..na..” “kowe ki ngomong kok ona anu ki kepiye. Mbok sik jelas” kandhane priyo. Aku ora bisa mangsuli mung bisa nuduhke nggo drijiku sik ndredeg. Priyo banjur ngetutke drijiku kui nuduhke apa. Dheweke yo weruh gendruwo kui ning mburine wit lagi kaya wong ndelik. Tangane gendruwo ngawe ngawe marang aku lan priyo, pratanda yen dheweke pengen ngajak. Dumadakan priyo jerit ora karuan bantere. Aku sansaya wedi sak wedi wedine. Priyo nyekeli tanganku kenceng banget rasane, banjur diajak mlayu sak banter bantere menyang omah.

Komentar

Postingan Populer