Cerkak

Kadhemen

Sore iki Ratih, Wulan karo Catur arep dolan menyang mall. “arep dolan neng mall ngendi iki cah?” pitakone Wulan. “neng Malioboro Mall wae yo, mengko kan iso sisan mlaku mlaku neng Malioboro ne” kandhane Ratih. “yooo..” jawabe wong loro bareng.
            Tekane Malioboro Mall wong telu mau banjur munggah menyang dhuwur. Catur gumun weruh njerone, merga dheweke lagi sepisan iki dolan nyang Mall. “Tih, Ratih kae opo lo kok ana andha iso obah munggah dhewe?” takone Catur. “Wealah, kae ki sik jenenge escalator Tur”. Wulan nambahi “aja gumunan lo kowe Tur, wis teka meneng melu mlaku” “Iyo iyo Wul, wong ya ming takon kuwi kok lee..” wong telu nerusake anggone mlaku mlaku neng njero mall iku. Si Ratih karo Wulan ngguya ngguyu mergane wis biasa dolan nyang Mall. Gene si Catur kawit mau ming gumun ndelok sakiwa tengene.
            Dumadakan Wulan ngejaki tuku es krim neng Mc Donald. “eh cah ayo tuku es krim yo neng kono” “ah emoh Wul, mesti larang nek tuku neng kono kae” jawabe Catur. “Ora yo, jare sopo larang. Wis to ayo teka melbu ndisik. Aku pengen es krim e” tambahe Wulan. “Yawis yo..” banjur padha melbu pesen es krim. Wulan lan Ratih wis biasa jajan sik kaya ngene iki, nanging Catur lagi sepisanan. Dheweke bingung arep pesen es krim sik opo. Kanggo nutupi isin mergane bingung, pesenane dipadhakake nggone Ratih. “kowe pesen sik opo Tur?” pitakone Ratih. “ah anu.. aku padha kowe wae Tih” jawabe Catur.
            Sawise pesenane rampung, banjur padha lungguh neng nggon cedak kaca karo ndelok wong mlaku mlaku neng Malioboro. Ratih karo Wulan omong-omongan karo cengengesan, gene si Catur ming meneng karo tangane sedheku. Ratih ngerti banjur takon “kowe ki ngopo kok meneng wae Tur?”. “Ora kok Tih, ra ngopo ngopo. Gek pengen meneng wae hehehe” wangsulane Catur. “Halah tenane Tur?” Wulan nambahi. “iyo tenan kok cah, ra ngopo ngopo yooo hehehe. Wis padha entek durung es krim e? ayo gek metu yo, pengen mlaku mlaku neng Malioboro aku”. “Kok kesusu ki ngopo lo Tur, wong ya lagi setengah jam lho anggone dhewe lungguh neng kene” Ratih mangsuli. Catur ora mangsuli mung mesem karo tangane tetep sedheku.

            Wis sejam kira kira anggone wong telu kuwi padha lungguh neng njero MC Donald. Padha karo sejam kepungkur, Wulan lan Ratih isih padha omong-omongan karo cengengesan, gene Catur wis pucet raine. Ngerti yen kancane pucet, Wulan nakoni “Kowe lara po Tur, kok pucet saiki?” Catur mangsuli “Emm.. ora kok Wul oraaa. Ayo gek metu yo cah” “La nyapo lho kawit mau kok mung njaluk metu, penak neng kene iki Tur adhem ora panas.” Wulan nambahi. “gek gek kowe kadhemen yo Tur? Hehehe” guyone Ratih. “hehehe ho’o e Tih. Wis yo metu ayo” panjaluke Catur. “wealah jebule bocahe kadhemen iki. Yo wes ayo metu. Mesakke men kowe ki hahaha”. Wong telu metu saka MC Donalds banjur padha golek kursi lungguhan neng Malioboro. 

Komentar

Postingan Populer