Pengalaman Pribadi

Nari kanggo IOAA

Nalika SMA aku wis tau nari kanggo ngisi acara IOAA, yaiku International Olympiad on Astronomy and Astrophysic. Pas kui aku isih kelas 11. Penarine seka SMA ku kira kira ana wong 30. Tarian sik ditampilke yaiku tari Laskar Tidar. Tarian khas saka SMA ku anggitane Bu Nirmala. Ning kana uga ana pengisi acara saka daerah liya. Pasugatane uga warna warna, ana tari, ana sik keroncongan, ana karawitan modern lsp. Acara kui kalaksanan ning Candi Borobudur Kab Magelang.
Aku sakanca mangkat seka SMA ku jam 8 esuk. Numpak bis bareng bareng. Ya kira kira setengah jam wis tekan platarane Candi Borobudur. Tekan kana banjur dikon maem sedhela bar kuwi gladi resik karo njajal panggunge. Sakwise rampung gladi resik banjur padha mulai make up. Acara jam 7 bengi nanging make up e seka jam 1 awan, mergane bocahe akeh samare ora kecandhak wektune. Ning kana wis padha iso make up dhewe dhewe, amarga wis kulina seka kelas 10 ana kelas khusus nggo macak (beauty class). Ora krasa disambi make up, ngerti ngerti wis jam 7 bengi. Acarane wis diwiwiti. SMA ku kebagian dadi penampil nomer 3. Wis tekan wayahe aku tampil, atiku dadi deg degan. Mergane tamu sik teka ora sembarangan, yaiku kira kira seka 60 negara sik melu acara iki. Pasugatan nomer 2 wis rampung. La saiki wayahe nggon SMA ku. Sakdurunge tampil, kaya biasane yaiku padha ndonga bareng bareng supaya diparingi kesuksesan.
Ora krasa 15 menit wis rampung anggonku nari karo sakanca. Alhamdulillah diparingi lancar lan sukses. Kabeh penontone padha tepuk tangan rame banget. Atiku wis ora deg degan meneh nanging lego lan seneng mergane wis rampung. Sakwise rampung, banjur ana sik padha njaluk foto uga ana sik langsung maem sik wis dicepake kaya prasmanan. pas awakku meh njikuk maem karo kancaku, ujug ujug ana sik njawil tanganku. Jebule wong bule sik ameh njaluk foto. Duh senenge atiku dijaki foto karo bule hehehe.

Sakrampunge anggonku maem karo kanca kanca, banjur dikon menyang bali ning SMA meneh. Kira kira jam 10 bengi. Aku lan sakanca ora melu nganti rampung acarane, mergane esuke bakal nari meneh ning Akademi Militer (Akmil) kanggo acara pelepasan taruna.

Komentar

Postingan Populer