Kembang 

Kembang..
Endah nengsemake ati
Ambu wangi kang sumebar
Pratanda apik sarira mu
Senajan mapan ana ing pot kang pecah
Ora dadi  pratanda sliramu ala

Kembang..
Godhong mu ijo royo
Maneka warna sliramu
Abang, oren lan jambon
Ayu-ayu tansah resep ning njero ati

Nanging ..
Ana uga kang pucet
Alum lan lemes nglempuruk
Malah-malah tiba neng pertiwi
Ana apa sliramu?
Apa kang ndadeke sliramu susah cah ayu?
Apa sliramu ora kuat nahan  angin kang mobat mabit semilir?

Komentar

Postingan Populer